【改革·印记——听现场讲述】宋德全:做中国传统文化的孝子贤孙 把好东西传承下去
Bèbèk | |
---|---|
![]() | |
salah satu spésies bèbèk | |
Status konsèrvasi: Aman
| |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Anseriformes |
Famili: | Anatidae |
Subfamilia | |
Dendrocygninae Oxyurinae Anatinae 百度 此前,中共中央决定李建国同志不再兼任中华全国总工会主席职务。 |

Bèbèk uga dikenal kanthi sesebutan itik ing basa Indonésia. Saka Amérika Lor kang asalé saka bèbèk alas (Anas Moscha) utawa Wild mallard[1] Saka daya tahan awaké, bèbèk duwé daya tahan awak kang luwih kuwat saka serangan lelara tinimbang jinis unggas liyané.[2] Endhog utawa dagingé bèbèk duwé gizi kang akèh sanget lan ora kalah karo endhog utawa daging pitik.(Djarijah, Abbas Siregar. 1996. Usaha Ternak Itik. Yogyakarta: Kanisius. Hal. 9) Endhog bèbèk ngandhut 20,5% protéin lan 12% lemak.[3] Saliyané mupangat mau, endhog bèbèk uga bisa kanggo olahan endhog asin, martabak, lan campuran jamu.[2]
Klasifikasi
[besut | besut sumber]Kasifikasi bèbèk, miturut tipene diklompokake ana telung golongan:[4]
- Bèbèk petelur kaya ta Indian Runner, Khaki Campbell, Buff (Buff Orpington) lan CV 2000-INA;
- Bèbèk pedaging kaya ta Peking, Rouen, Aylesbury, Muscovy, Cayuga;
- Bèbèk ornamental (itik kesayangan/hobby) kaya ta East India, Call (Grey Call), Mandariun, Blue Swedish, Crested, Wood.
Lelara Bèbèk
[besut | besut sumber]Miturut jinisé, lelara bèbèk dibédakaké dadi rong golongan:[5]
1.Lelara ora nular. Lelara iki disebabake amarga keracunan, kasehataan lan kebersihaan kang kurang, kurang vitamin uga mineral,lan sapiturute. Kang kalebu lelara bèbèk kang ora nular:
- Strees (Cekaman)
- Kekurangan (defisiensi) Vitamin A
- Brooder Pneumonia
- Rickets Duck
- Antibiotika Dermatitis
- Mycosis
- Botulism (Limberneck)
- Keracunan Garam
2.Lelara kang bisa nular Lelara nular ing bèbèk disebabake amarga virus, bakteri lan kuman kang bisa ditularake liwat kontak langsung utawa liwat angin. Kang kalebu lelara bèbèk kang bisa nular kaya ta:
- Fowl Cholera (kolera itik)
- Fowl Pox (Cacar)
- White Eye (Mata Memutih)
- Coccidiosis
- Coryza
- Salmonellosis
- Sinusitis
- Aflatoksikosis

Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ [http disnak.jabarprov.go.id/data/arsip/BUDIDAYA%20TERNAK%20ITIK.doc] (diunduh tanggal 29 maret 2011)
- ↑ a b (Cahyono, Bambang. 1999. Budidaya Itik. Semarang: Effar&Dahara Prize. Hal ix)
- ↑ (Djarijah, Abbas Siregar. 1996. Usaha Ternak Itik. Yogyakarta: Kanisius. Hal. 9)
- ↑ Redaksi Trubus. 1997. Beternak Itik CV 2000-INA. Jakarta: PT. Penebar Swadaya. Hal. 1
- ↑ [library.usu.ac.id/download/fp/ternak-eniza5.pdf ](diunduh tanggal 29 maret 2011)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |